joss aku neng spot wae wedi nek kobongan ,ra melu melu neng puture
Nguawor Crit
--
Nang dunia dodolan masa depan, wong-wong biasane nganggo indikator macem-macem. Tapi akeh trader sing wis pengalaman malah luwih milih price action, soale luwih jelas lan ora ruwet.
Price action kuwi intine maca gerakane harga langsung saka lilin, tanpa bantuan indikator aneh aneh.
Apa kuwi Price Action?
Price action kuwi teknik kanggo moco psikologine pasar liwat lilin. Sederhanane: liline ngomong, awakmu tinggal maca maksude.
Karo price action, awakmu iso ngerti:
wong tuku opo sing adol sing menang
Pasar arep nerusno tren opo malah arep mbalikke arah
Level endi sing bahaya lan endi sing aman
Kenek kok akeh trader seneng Price Action?
Chart dadi resik, ora kebak garis
Enak nggawe keputusan
Cocok kanggo scalping tekan swing
Reaksi pasar yo jelas
Ora telat kaya indikator lagging
Bagian Penting nang Price Action
1. Strukture pasar
Pasar biasane mung ana 3 kondisi:
tren munggah → rega nggawe puncak lan lembah luwih dhuwur
tren mudon → rega nggawe puncak lan lembah luwih rendah
karo tren ra jelas → rega mung mondar-mandir neng area kuwi-kuwi wae
Struktur iki penting kanggo ngerti arah pasar.
2. lantai & atap
Iki garis penting sing dadi watesan:
atap → titik rega biasane mantul munggah
lantai → titik rega biasane mantul mudhun
Sinyal price action paling apik yen muncul neng level iki.
3. Pola lilin
Beberapa pola sing sering dipakai:
Pin bar → tandha rega ditolak
Engulfing → pembalikan arah kuat
Doji → pasar lagi bingung
Inside bar → tandha arep breakout
Pola iki kudu digabung karo level penting, ojo dewekan.
4. Breakout lan Fakeout
Breakout kuwi rega nembus level penting.
Breakout tenan → rega tembus lan nutup di luar level
fake out → rega tembus tapi langsung balik (jebakan klasik)
kulinakno ndelok mlakune lilin tf 1 menit 15 menit 30 menit jangka wektu 1 jam an sedurunge entri. ojo kesusu sante wae. rejeki rabakal mlayu jon 👍